Entri Populer

Minggu, 06 Maret 2011

Bapak Muntah Anak Kepradhah

( Dening Astuti-Bantul )

Mbuh merga puber ke loro utawa merga kurang oleh kawigaten saka anakke. Mbah Kasan ( jeneng singlon ) ujug-ujug mothah njaluk rabi.
Mbah Kasan pengin di lamarke situm ( jeneng singlon ) randa ing wetan kali. Mbah Kasan durung genep setahun ndudha merga sing putri ndhisik kondur ing ngarsane Gusti. Wanta ( jeneng singlon ) anak siji-sijine rumangsa kabotan. Ora merga soal warisan. Nanging apa eloke tangga tepara yen babake rabi meneh. Soale umure bapakne wis ora enom meneh wis 80 taun luwih.
Pancen wanita sing dipilih bapakne uga ora enom. Umure hurung ngansi 60 taun. Nanging awake isih katon weweg lan ligat merga kerep dijamoni karang deke bakul jamu gendong.
Nek misal bapakne rabi meneh bapakne ora njaluk warisan sing wis dadi deweke Wanta mung omah kulan sing dadi kos-kosan sing dienggo urip. Nanging Wanta kabotan merga apa aloke tetangga teparo mengko.
Wanta banjur rundhingan karo bojone. Bojone malah setuju-setuju wae nek bapak arep rabi meneh.
Wis seminggi Wanta hurung nglamar-nglamr. Mbah Karsan rumangsa ora kanthi banjur nemoni Wanta. Tekan kapan deweke arep dilamarke.
Merga ora ana pilihan liya Wanta kepeksa nglamar Situm. Mbah Kasan klakon omah0omah karo Situm. Nanging ana sing kang dumadi. Durung genep sesasi Mbode Situm bali menyang omahe dewe merga gonjang-ganjing tangga-tanggane malah padha ngomentari. Ana sing kandha wong wis tuwa ora golek dalan padhang malah golek dalan bayi.

Macak Kanggo Bojo

Bojo iku pepetan (perhiasan) ing donya. Iku ngendikane Nabi Muhammad SAW. Nabi ngedika pepethan ing donya sing larang dewe iku bojo sing shalehah yaiku sing pinter gawe seneng atine kakunge. Deweke Deweke methukake kakunge ing lawang kamar kanthi busana kang becik lan katon ayu merak ati.
Ing sawijining dina kanjeng Nabi ditekaning wanita. Dheweke ora nrimakake merga ora entuk melu jihad (perang suci kanggo mbela agama islam) ing madyaning peperangan. Kanjeng Nabi mangsuli wanita ora perlu melu perang lan ora pakaryan kang bobote podo karo jihad yaiku gawe seneng bojo ing peturon ganjarane podo karo mateni wong kanthi sewu cacahe.
Wis kodrat yen wanita iku tinitah ringkih katimbang priya. Bebasan karu bedha nyamping kapanjangan rikma. Mula luwih trep yen wanita iku tunggu omah nadyan ora melu perang ing madyaning palagan, nanging isih tetep bisa entuk pahala kang sabobot karo ganjarane wong jihad yaiku manereke keanyuane ing sangarepe kakunge lan gawe seneng atine kakunge mau.
Siti Arsah Ibune kaum mukmin paring tuladha ing babagan iki. Piyambak macak saapik-apike nalika kanjeng Nabi ana ing dalem luwih-luwih manjing jroning kamar. Piyambake ngrti yen nyenengke garwane. Allah bakal paring ganjaran gedhe. Allah SWT renen marang wanita kang tindak tanduke koyo ngono kuwi.
Wanita sing bisa nglakoni kaya ngono kuwi dijanjeke swarga papane kuwi janjine Nabi Muhammad ing sawijining hadist.

Nulungi Anakke Sing Tunggu Randhu Alas

Pangadi bali saka nonton campur sari karo kanca-kancane ing desa Salareja sing dohe saka kampunge Pangadi watara 8 Km, dewe amarga ditinggalke kanca-kancane kanthi ati mangkel. Nalika ngliwati buk cedhak tapel wates desa Pangadi weruh ana bocah cilik thenguk-thenguk ing dhuwur buk maul lan Pangadi mandheg. Pikire Pangadi bocah kuwi mesthi ketinggalan kanca utawa ditinggal kancane lan dheweke butuh nunutan. Banjur ditakoni omahe bocah cilik mau nudingi sewenaha arah dadi masalah.
Tekan papan sing dituju jebul wong tuwone bocah mau wis ngenteni, lan dheweke matur nuwun banget marang Pangadi merga wis ngeterke anake bali kanthi selamet. Pinangka rasa panuwun Pangadi diwenehi hadiah nanging Pangadi ora gelem. Pangadi dililani bali nanging diweling yen durung ngelewati gapura ora kena nolah mburi.
Pangadi penasaran welinge kok aneh nanging dheweke ora wani ngelanggar, banjur wis ngelewati gapura dheweke noleh menyang buri, wooo.........pranyata ning kono aro ana omah. Sing ana kuburan uno, lan wit randhu alas sing gedhe ora mekakat. Jebule dheweke mau mentas ngeterke anake tunngu randhu alas.

Rembug Angkutan Umum

Perkara klasik sing tansah dianyari taun iku ngadepi Dina Riyaya Idul Fitri, yaiku bab owah-owahan tarip angkutan umum. Taun 2010 iki dadi rembug sing wigati tumrape pengusaha angkutan umum. Bab tuslah kuwi kenyataan mbukteke masyarakat, tetep wae dadi korbane. Tegese, masyarakat kudu ngetoke ongkos sing ora semesthine. Apa maneh yen aturan 2009 kapungkur ijeh dinggo pathokan lan pengusaha angkutan umum sing kon ngatur dhewe, masyarakat saya karepotan.
Masyarakat wis mbayangke menawa aturan tuslah bakal mundak 12 % saka rega tiket sing resmi. Dene Perusahaan Angkutan Umum yen nglanggar, putusan ijine bakal dicabut. Taun wingi, seminggu sadurunge riyaya, para pengusaha angkutan umum wani ngundake tuslah nganti 25 %. Para pengusaha ngejoke alasan mundak 25% iki isih tuna.
Pengusaha sing diwakili organda, ngundakke tuslah miturut ukuran dewe. Yen pemerintah ora cawe-cawe mesti masyarakat sing nanggung ongkos tambahan kang ora sethitik yen menehi.
Dina riyaya kaya Idul Fitri karepe pengusaha angkutan kanggo goleke bethen sing luwih gedhe ketimbang wekt liyane. Kamangka, kanggene masarakat kejaba aturan tuslah uga kekenan dhuwit ekstra sing ditarik kru angkutan kaya kondektur lan kanca-kancane.
Aturan sig ditetepake pemerintah ditujokke kanggo ngayomi masarakat, ora kanggo para pengusaha angkutan yakuwi bab tuslah tujuane para pengusaha mau golek bathi tikel.
Pengusaha angkutan yen diatur pemerintah ana kalane wani ngelawan terang-terangan mancing kahanan dadi kaco, mula pemerintah kudu bisa tumindak tegas.

Sejarah Musik Ndhangdut

Zakaria, pemimpin Orkes Pancaran Muda ing taun 1960, salah sawijining kang dadi perintis musik ndhangdut mau asale saka Tanah deli. Ing taun 1940-an, kandhane Zakaria, musik kasebut dadi tontonaning papan perayaan utawa hajatan. Anggone main sinambi lungguh, kendhange gedhe.
Sirtoyono, seniman tari, musik, lan theater saka grup Cindai, Medan ngandhaaken menawa ndangdhut utawa musik Melayu asale saka Tanah deli. Retno, dosen kehormatan ing perguruan tinggi, medan ngandhaake kelairan musik Melayu dipengaruhi dening muik zapin ( musik-musik pesisir kang dipengaruhi kabudayan Asing kayata : Arab, Cina, India, lan Barat). Miturut Retno, musik Melayu diperagakake dening peronggeng lan ditontonake nganti sawengi. Miturut Retno, ndhangdut asale saka Tanah Deli. Nanging musik Melayu ing jaman kasebut ora asli meneh jalaran wis kena pengaruh saka kabudayan liya.
Miturut Remy Silado, budayawan lan pengamat musik. Musik ndhangdut minangka musik hiburan utawa pop Indonesia bisa dikandhakake sawijining lan Barat, ditambah kpribadiyan Melayu nganthi dadi Indonesia.
Ndangdut minangka musik bangsa kita, musik saka Tanah deli sinebut musik Malaysia. Kabeh mau dadi salah kaprah, kamangka loro-lorone istilah Melayu utawa musik ndhangdut mau saka Bumi Pertiwi.

Sepatune Teles Kaya Neng Sawah

Wong Jawa iku sumebar meh ing ngendi wae, lan ing saben kutha utawa desa ing Nusantara iku mesthi ana Jawa utawa ana kampong Jawa. Umume yen ana wong dodol tempe, tahu, lan taoge iku mesthi wong Jawa. Mantenan ing daerah transmigrasi pasang surut ing Tembilahan Indragiri Hilir Riau nggawa cara dewe. Daerah iki makmur amarga saka hasil krambil lan klapa sawit.
Kaya ing Jawa yen arep duwe gawe rancangan ditata rapi uga milih dina sing paling apik. Milih dina uga kaya ing Jawa, Nyingkiri dina sing dianggep ala, dadi ora dietug miturut kahanan daerah pasang surut. Umpamane kapan rob lan kapan surut, awit banyune tekan plataran, dhuwure tekan dhengkul, suwene watara 2 jam. Sauwise dina ditentoke, banjur dianake rapat panitia kanggo nentokake sapa wae kang bakal diutus adicara resepsi manten.
Repote ibu-ibu sing padha rewang ing pawon uga gawe pawon panggung awit wedi yen mbeneri masak banjur banyu rob mlebu bisa-bisa geni ora bisa urip. Saben omah padha duwe bak banyu udan dadi yen ana wong duwe, tangga teparo padha nyumbang banyu sumure wernane abang semu coklat, mung kanggo ados lan asah-asah.
Nyamikan lan dhaharan sing disuguhake kaya ing Jawa, yaiku lemper, rengginang, jenang, wajik, tape ketan lan liya-liyane. Ing transmigrasi pasang surut iku masyarakate ora mung saka Ngayogyakarta, nanging uga ana saka daerah liya umpamane Jawa Barat, Jawa Timur, Jawa Tengah, dadi tata carane ya werna-werna. Malah akeh sing ngagem blangkon nanging nganggo clana jin.
Para tamu kakung putri lan para sinoman ora nganggo sandal selop nanging nganggo sepatu boot. Ana sing macak cara Jawa lengkap. Sing kagungan gawe ora
enggah ing sandhing penganten, nanging ngadhang tamu ing dalan saperlu nyalami tamu sing lagi rawuh.
Omah umume, omah panggung. Ing ngarep tarub ana papan kanggo nylempungake amplop kosong sing dicawiske lan pulpen kanggo tamu sing ora nggawa amplop. Dadi bisa ngisi lan nulis jenenge ing kono.
Kira-kira jam 1 awan rombongan penganten kakung wis rawuh, lan swara kaset gamelan Lancaran kebogiro, Gendhing Kodok Ngorek, Ketawang Larasmaya wiwit muni. Ngepasi wanyah ing pasang gedhe munggah nganti tekan plataran. Rombongan penganten kakung lewat blabag sing wis disiapke kanggo ngowot. Panggihing penganten ing uwot iku, saka balangan suruh, ngidak endhok lan sapiturute.

Misteri Lelembut Ngejawantah Ing Foto-foto

Lelembut, lan sebutan liyane sing maneka warna wujudake makhluke Gusti Allah SWTsing kanthi alamiah ora kasat mripat manungsa merga makhluk ghaib. Makhluk bangsane lelembut mau kacipta dening Gusti Allah SWT kanthi bahan sarine geni, dene manungsa kacipta kanthi bahan saka sarine lemah.
Bangsa lelembut urip ing jagad liya, jagat sing ghaib ora kinawruhan manungsa. Manut kodrate bangsa lelembut mau ana sing alm nanging uga ana sing jahat. Makhluk-makhluk ghaib kadhangkala ana sing ngaton lan bisa ketangkep gambare kanthi piranti kamera lan bisa dideleng wujude ana ing gambar-gambar foto. Uga nalika penulis motret pentas kesenian rakyat jathilan ana ing plataran sawijining ing tlatah Borobudur, ing antarane pemain putrid lan nalika penulis motret, asli gambar fotone ana wewujudan arupa medhut putih ngubengi sawijing penari putrid kaya-kaya arep nutupi penari putrid mau.
Kamangka nalika motret ing sakubenge papan mau ora ana sing lagi udut lan kahanan cuaca padhang tanpa ana pendhut. Manurut crita ing bangunan mau pancen ana padunung-padunung ghaib sing seneng usil ngganggu manungsa lan jarene, para lelembut mau uga seneng nonton pentas jathilan putri.
Pengalaman liyane nalika penulis motret pentas kesenian rakyat Festival Lima gung ing dhusun Krangdhengan perengan gunung Sumbing sawetara wektu kepunkur, penulis uga jeprat-jepret motreti acara mau, saka sakehe foto-foto salah sijine gambar foto asli pemotretan swasan ing gumyak mau ana gambar awujud pendhut kempel sing muter-muter ing sandhuwure area pentas. Nalika penulis takon yen ora adoh saka papan pentas mau ana sawijining pasarean keramat makane cikal bakal dhusun mau.

Omah Ing Awang-Awang

Dening : Suhindriyo

Kanggo kaping 37-ne wayah tengah mbengi pesawat ulang alik antariksa mancal bumi tumuju stasiun Awang-awang Internasional saduwure samodra Hindhia. Para awak Discovery kejaba ngandani panaliti uga bakal masang pralatan ing ISS.
ISS dibangun 16 negara kanthi ragad 95 milyar dolar AS. Stasiun iki dadi paper planggroken panatilen lan ngaso sadurunge nerusake laku menyang planet lan satelit liyo kanyata Mars lan Mbulan. Wahana antariksa sing kuwawu ngonggah ISS yaiku pesawat ulang alik deweke AS cacah 5.
Sadurunge colombia AS wis gawe model pesawat ulang alik Enlerprise sing dipervake ing musium Smith lan Challenger wsu jerat kuanu njebluk nalika nindakake mesine kanthi mengkono AS mung kari duwe 3 pesawat ulang alik sing bakal diaburake keri dewe besuk taon 2010.
Rusia uga duwe wahana antariksa sing nyonggah ISSI yaiku soyus-TMA 1 lan Soyus TMA 2. Soyus TMA 2 isih ngenteni tugase Soyus TMA 1
Mapane para astronus AS lan Rusia ing ISS menahi tengara menawa manggon urip ing awang-awang bakal kanyatan kanthi nyemak sakeke alat sing dibangun ing ISS kanyata ruang tidur, rak, laboraturium panalitian, menehi gambaran cetha dumunung ing pepenginan anyar. Tekad AS kanggo ngajak bareng para pendidikan teknologi bisa mancing sakehe negara lan bangsa menehi penyengkuyung kayata Cina lan Jepang kang duwe kaluwihan ing babagab teknologi ruang angkasa.






ATUR PUNGKASAN

SANDI ASMA

Manut S Padmosoekotjo, tegese sandi asma kang sinandi. Jenenge kang sinamun, sinamar. Jenenge kang ora katuduhaken kanthi melok, ora kanthi cetha. Katuduhaken nanging ana ing sajroning karangan. Lumrahe ing sajrining karangan kang sinawung tembang.
Sandibutawa sandya ateges sambung utawa gandheng. Sandi kala utawa sandyla kala ateges kala (wektu) sing nyambung awan karo bengi yaiku wektu meh suruping srengenge. Dadi tembung sandi kala ategese wektu meh suruping srengenge. Tembung sadyakalaning Majapahit, kanggo nyebut wyahe praja kasebut arep angslup kaganti praja liya kang nguwasahi tanah Jawa

CERKAK


Pacar-pacar Maya


Saploke kenal internet kathik keturutan sisan dipundhutake Laptop karo ramane, presasat dhik Maya ora tau metu saka kamera. Sing wingenane tansah saba warnet, pawadan kuesel lan pengiritan, mula nyuwun laptop, jarene kancane sa kampus wis duwe laptop kabeh. Ananging saiki penggaweyane malah ngerem terus, asyik facebook_an. Zora peduli udan panas lan awan bengi. Ibune mung ngalah ning ana rasa sing marem jroning ati, mirsani putra ragile wis ora ketinggalan jaman, wis padha karo putrane bu Nur sing atraktif banget dolanan laptop ing terase. Mung wae kanthi pawadan ora seneng pamer, mula dhik Maya ngerem ndhuk kamera. Kadang keprungu, kaya an kancane, ngguyu-ngguyu, gegojekan, malah saking kamaruke kadhang nganti tekan Shubuh.
Esuk-esuk, dhik Maya matur ibune, kejutan besar nganti ibune njomblak saking kaget lan bungahe. Critane dhik Maya wis duwe pacar.
Pacar sing ngakune asal batam. Jare senajan lagi mentas rampung S 1, ning entuk warisan took pakaian lan bengkel mobil. Dadi pokoke angger gelem dadi bojone mengko dijamin ora bakal kekurangan, wong uripe klebu mubra-mubru, torah bandha.
“Yen ibu pareng, dheweke arep nglamar mrene lebar pasa mengko arep teka nglamar langsung rsmian.”ujar dhik Maya. Ya mesti wae ibune kaget lan bingung.
“Ya aku ora bias ngomong setuju apa ora, ya tunggu Ramamu ta nduk. ‘
Jebule bareng matur Ramane sing awam dunia interneten lan sapiturute, ketoke iya pada karo ibune , ana bungahe n ing ya ana sangsine.
“Ngene wae ndhuk, wong lagi mentas kenal durung weruh uwonge kaya apa, ya ditunggu sik ta, mengko gek mung rayuan gombal amoh thok.”
“O yen uwonge nggantheng pak, panjenengan dak aturi pirsa mrene..”
Ujare dhik Maya karo nggeret Rama lan ibune mlebu kamera, laptope sing methangkring neng tempat tidur, ana gambare jaka ngganteng lungguh ing bathuke mobil mewah, memper bintang sinetron Revaldo sing kesangkut narkoba kae. Rama ibune langsung kepencut,manthuk-manthuk bareng. Dek Maya bungae ora janak. Eseme ngujiwat, tandha lagi wuyung tenan.
Esok-esok bar Subuhan, Rama ibune entok kejutan maneh. Dhik Maya nangis-nanmgis,neng ngarep laptope,gawe binggung sa omah.
Genahe, mau bar Subuhan dhik Maya konthak meneh karo jaka Batam kekasihe kuwi, sang jaka sing ditantang tekane menyang Yogya, malah menehi pengakuan. Menawa, ngaku yen barang wadine dhobel, alias iya lanang iya wadon, kandha melas lan kuwatir mengko Maya malah uripe getun thok. Rama lan ibune iya langsung lemes mireng critane sing aneh ning iya emboh temenan ora kuwi.
Pacare Maya sing seko Banjarmasin. Sing iki rada beda. Ngakune lagi patang taun neng Banjarmasin. Bareng wes lulus kuliah, lungo mrana saperlu nglamar gawean ning Kalimantan, jare iya merga lantaran facebookan, entok kanca wong kana, lan jarene yen golek pegaweyan neng luwar Jawa relative gampang. Ora kaya neng luwar Jawa, sing wis kebanjiran sarjana. Kasil dadi PNS neng PEMDA, Alhamdulilah wis investasi klapa sawit 3 HA . Wingi mentas panen raya. Mas Mulyadi arane kuwi malah nawani oleh-oleh Black Berry yen lebaran mengko arep mudhik Magelang sekaliyan ngenalake Maya karo bapak ibune ing Magelang, kulon gunung Tidar. Wong cutine mung rong minggu, mula njur langsung di boyong menyang Banjarmasin.
Mula Maya ngajak ibune sowan Budhe Tutik sing kebeneran daleme ing kawasan Jagoan ngarep masjid. Ngiras tuwi kasugengan Budhe Tutik, mesisan nglacak omahe mas Mulyadi. Kanthi bantuane Budhe Tutik, olehe ngalacak kasil, ketemu daleme lan bener ora ngapusi. Malah ketemu adhine barang, ibune wis lumayan sepuh 81 taun. “Lha menika fotonipun, sampun 4 taun langkung dereng nate mantuk.” Ngendikane Bu Retno karo nuduhake fotone Mulyadi sing putih burem.
Adhike Mulyadi melu nimbrung lan komentar. “Niku fotone mas Mul nembe sakit mbak, sanes putih neng pucet. Lha menika foto ingkang enggal saderenge pasa”jlentrehe Wini adhike Mulyadi karo nuduhake foto neng HP-ne. Jebule Mulyadi sing saiki wis gendhut lan ireng banget, nganggo caping, jian persis kaya…………
Maya lan ibune dadi mlenggong, rumangsa kaya lagi kapusan maneh.
“Nuwun sewu lho Bu lan mbak Maya, sejatosipun mas Mul sampun pacangan kaliyan mbk Wahyu watawis 8 griya saking mriki.” Kandhane Wini karo nuding ngiwa.
Maya lan ibune tambak mlenggong. Ora gantalan suwe, Maya lan ibune uga Budhe Tutik, pamitan karo klancem-klancem.

GEGURITAN

NGAYOGYAKARTA

Dak gelar mbaka salembar
dak waca mbaka sagatra
dak surasa kandhutaning makna
rerangkening sejarah kang ditulis
dening sanggyaning pra winasis
wiwit du king uni
tumeka jaman revolusi

Hanyakrakusumo,
Diponegoro, Hamengku Buwono
putra-putra bangsa pinilih
wujud suhing kawula dasih
kang leladi sepi ing rasa pamrih
gumregut mbrastha angkara murka
saka lumathing bumi Nusantara
tekade among sawiji
mujudi werdining sasanti
manunggaling nuswa bangsa
ing pangkoning ibu pertiwi

Wektu terus lumaku
sejarah terus lumampah
ing alam kamardirkan iki
kasetyanmu isih den uji
dning tangan-tangan
kang sumedya sumanggah
ngilaki laku jantraning sejarah

Lestari Yogya-ku
Lestari istimewamu




NGAYOGYAKARTA

Dak gelar mbaka salembar
dak waca mbaka sagatra
dak surasa kandhutaning makna
rerangkening sejarah kang ditulis
dening sanggyaning pra winasis
wiwit du king uni
tumeka jaman revolusi

Hanyakrakusumo,
Diponegoro, Hamengku Buwono
putra-putra bangsa pinilih
wujud suhing kawula dasih
kang leladi sepi ing rasa pamrih
gumregut mbrastha angkara murka
saka lumathing bumi Nusantara
tekade among sawiji
mujudi werdining sasanti
manunggaling nuswa bangsa
ing pangkoning ibu pertiwi

Wektu terus lumaku
sejarah terus lumampah
ing alam kamardirkan iki
kasetyanmu isih den uji
dning tangan-tangan
kang sumedya sumanggah
ngilaki laku jantraning sejarah

Lestari Yogya-ku
Lestari istimewamu