Entri Populer

Minggu, 06 Maret 2011

CERKAK


Pacar-pacar Maya


Saploke kenal internet kathik keturutan sisan dipundhutake Laptop karo ramane, presasat dhik Maya ora tau metu saka kamera. Sing wingenane tansah saba warnet, pawadan kuesel lan pengiritan, mula nyuwun laptop, jarene kancane sa kampus wis duwe laptop kabeh. Ananging saiki penggaweyane malah ngerem terus, asyik facebook_an. Zora peduli udan panas lan awan bengi. Ibune mung ngalah ning ana rasa sing marem jroning ati, mirsani putra ragile wis ora ketinggalan jaman, wis padha karo putrane bu Nur sing atraktif banget dolanan laptop ing terase. Mung wae kanthi pawadan ora seneng pamer, mula dhik Maya ngerem ndhuk kamera. Kadang keprungu, kaya an kancane, ngguyu-ngguyu, gegojekan, malah saking kamaruke kadhang nganti tekan Shubuh.
Esuk-esuk, dhik Maya matur ibune, kejutan besar nganti ibune njomblak saking kaget lan bungahe. Critane dhik Maya wis duwe pacar.
Pacar sing ngakune asal batam. Jare senajan lagi mentas rampung S 1, ning entuk warisan took pakaian lan bengkel mobil. Dadi pokoke angger gelem dadi bojone mengko dijamin ora bakal kekurangan, wong uripe klebu mubra-mubru, torah bandha.
“Yen ibu pareng, dheweke arep nglamar mrene lebar pasa mengko arep teka nglamar langsung rsmian.”ujar dhik Maya. Ya mesti wae ibune kaget lan bingung.
“Ya aku ora bias ngomong setuju apa ora, ya tunggu Ramamu ta nduk. ‘
Jebule bareng matur Ramane sing awam dunia interneten lan sapiturute, ketoke iya pada karo ibune , ana bungahe n ing ya ana sangsine.
“Ngene wae ndhuk, wong lagi mentas kenal durung weruh uwonge kaya apa, ya ditunggu sik ta, mengko gek mung rayuan gombal amoh thok.”
“O yen uwonge nggantheng pak, panjenengan dak aturi pirsa mrene..”
Ujare dhik Maya karo nggeret Rama lan ibune mlebu kamera, laptope sing methangkring neng tempat tidur, ana gambare jaka ngganteng lungguh ing bathuke mobil mewah, memper bintang sinetron Revaldo sing kesangkut narkoba kae. Rama ibune langsung kepencut,manthuk-manthuk bareng. Dek Maya bungae ora janak. Eseme ngujiwat, tandha lagi wuyung tenan.
Esok-esok bar Subuhan, Rama ibune entok kejutan maneh. Dhik Maya nangis-nanmgis,neng ngarep laptope,gawe binggung sa omah.
Genahe, mau bar Subuhan dhik Maya konthak meneh karo jaka Batam kekasihe kuwi, sang jaka sing ditantang tekane menyang Yogya, malah menehi pengakuan. Menawa, ngaku yen barang wadine dhobel, alias iya lanang iya wadon, kandha melas lan kuwatir mengko Maya malah uripe getun thok. Rama lan ibune iya langsung lemes mireng critane sing aneh ning iya emboh temenan ora kuwi.
Pacare Maya sing seko Banjarmasin. Sing iki rada beda. Ngakune lagi patang taun neng Banjarmasin. Bareng wes lulus kuliah, lungo mrana saperlu nglamar gawean ning Kalimantan, jare iya merga lantaran facebookan, entok kanca wong kana, lan jarene yen golek pegaweyan neng luwar Jawa relative gampang. Ora kaya neng luwar Jawa, sing wis kebanjiran sarjana. Kasil dadi PNS neng PEMDA, Alhamdulilah wis investasi klapa sawit 3 HA . Wingi mentas panen raya. Mas Mulyadi arane kuwi malah nawani oleh-oleh Black Berry yen lebaran mengko arep mudhik Magelang sekaliyan ngenalake Maya karo bapak ibune ing Magelang, kulon gunung Tidar. Wong cutine mung rong minggu, mula njur langsung di boyong menyang Banjarmasin.
Mula Maya ngajak ibune sowan Budhe Tutik sing kebeneran daleme ing kawasan Jagoan ngarep masjid. Ngiras tuwi kasugengan Budhe Tutik, mesisan nglacak omahe mas Mulyadi. Kanthi bantuane Budhe Tutik, olehe ngalacak kasil, ketemu daleme lan bener ora ngapusi. Malah ketemu adhine barang, ibune wis lumayan sepuh 81 taun. “Lha menika fotonipun, sampun 4 taun langkung dereng nate mantuk.” Ngendikane Bu Retno karo nuduhake fotone Mulyadi sing putih burem.
Adhike Mulyadi melu nimbrung lan komentar. “Niku fotone mas Mul nembe sakit mbak, sanes putih neng pucet. Lha menika foto ingkang enggal saderenge pasa”jlentrehe Wini adhike Mulyadi karo nuduhake foto neng HP-ne. Jebule Mulyadi sing saiki wis gendhut lan ireng banget, nganggo caping, jian persis kaya…………
Maya lan ibune dadi mlenggong, rumangsa kaya lagi kapusan maneh.
“Nuwun sewu lho Bu lan mbak Maya, sejatosipun mas Mul sampun pacangan kaliyan mbk Wahyu watawis 8 griya saking mriki.” Kandhane Wini karo nuding ngiwa.
Maya lan ibune tambak mlenggong. Ora gantalan suwe, Maya lan ibune uga Budhe Tutik, pamitan karo klancem-klancem.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar