NGAYOGYAKARTA
Dak gelar mbaka salembar
dak waca mbaka sagatra
dak surasa kandhutaning makna
rerangkening sejarah kang ditulis
dening sanggyaning pra winasis
wiwit du king uni
tumeka jaman revolusi
Hanyakrakusumo,
Diponegoro, Hamengku Buwono
putra-putra bangsa pinilih
wujud suhing kawula dasih
kang leladi sepi ing rasa pamrih
gumregut mbrastha angkara murka
saka lumathing bumi Nusantara
tekade among sawiji
mujudi werdining sasanti
manunggaling nuswa bangsa
ing pangkoning ibu pertiwi
Wektu terus lumaku
sejarah terus lumampah
ing alam kamardirkan iki
kasetyanmu isih den uji
dning tangan-tangan
kang sumedya sumanggah
ngilaki laku jantraning sejarah
Lestari Yogya-ku
Lestari istimewamu
NGAYOGYAKARTA
Dak gelar mbaka salembar
dak waca mbaka sagatra
dak surasa kandhutaning makna
rerangkening sejarah kang ditulis
dening sanggyaning pra winasis
wiwit du king uni
tumeka jaman revolusi
Hanyakrakusumo,
Diponegoro, Hamengku Buwono
putra-putra bangsa pinilih
wujud suhing kawula dasih
kang leladi sepi ing rasa pamrih
gumregut mbrastha angkara murka
saka lumathing bumi Nusantara
tekade among sawiji
mujudi werdining sasanti
manunggaling nuswa bangsa
ing pangkoning ibu pertiwi
Wektu terus lumaku
sejarah terus lumampah
ing alam kamardirkan iki
kasetyanmu isih den uji
dning tangan-tangan
kang sumedya sumanggah
ngilaki laku jantraning sejarah
Lestari Yogya-ku
Lestari istimewamu

Entri Populer
-
Manut S Padmosoekotjo, tegese sandi asma kang sinandi. Jenenge kang sinamun, sinamar. Jenenge kang ora katuduhaken kanthi melok, ora kanthi ...
-
NGAYOGYAKARTA Dak gelar mbaka salembar dak waca mbaka sagatra dak surasa kandhutaning makna rerangkening sejarah kang ditulis dening s...
-
Pacar-pacar Maya Saploke kenal internet kathik keturutan sisan dipundhutake Laptop karo ramane, presasat dhik Maya ora tau metu saka kam...
-
Dening : Rs. Rudatan Kembung bab RUUK DIY antarane DPR karo pemerintah tekan wektu iki isih “macet” DPR karo pemerintah durung bisa nyawij...
-
Lelembut, lan sebutan liyane sing maneka warna wujudake makhluke Gusti Allah SWTsing kanthi alamiah ora kasat mripat manungsa merga makhluk ...
-
Wong Jawa iku sumebar meh ing ngendi wae, lan ing saben kutha utawa desa ing Nusantara iku mesthi ana Jawa utawa ana kampong Jawa. Umume yen...
-
( Dening Astuti-Bantul ) Mbuh merga puber ke loro utawa merga kurang oleh kawigaten saka anakke. Mbah Kasan ( jeneng singlon ) ujug-ujug m...
-
Dening : Suhindriyo Kanggo kaping 37-ne wayah tengah mbengi pesawat ulang alik antariksa mancal bumi tumuju stasiun Awang-awang Internasi...
-
Bojo iku pepetan (perhiasan) ing donya. Iku ngendikane Nabi Muhammad SAW. Nabi ngedika pepethan ing donya sing larang dewe iku bojo sing sha...
-
Pangadi bali saka nonton campur sari karo kanca-kancane ing desa Salareja sing dohe saka kampunge Pangadi watara 8 Km, dewe amarga ditinggal...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar