Entri Populer

Minggu, 06 Maret 2011

Sepatune Teles Kaya Neng Sawah

Wong Jawa iku sumebar meh ing ngendi wae, lan ing saben kutha utawa desa ing Nusantara iku mesthi ana Jawa utawa ana kampong Jawa. Umume yen ana wong dodol tempe, tahu, lan taoge iku mesthi wong Jawa. Mantenan ing daerah transmigrasi pasang surut ing Tembilahan Indragiri Hilir Riau nggawa cara dewe. Daerah iki makmur amarga saka hasil krambil lan klapa sawit.
Kaya ing Jawa yen arep duwe gawe rancangan ditata rapi uga milih dina sing paling apik. Milih dina uga kaya ing Jawa, Nyingkiri dina sing dianggep ala, dadi ora dietug miturut kahanan daerah pasang surut. Umpamane kapan rob lan kapan surut, awit banyune tekan plataran, dhuwure tekan dhengkul, suwene watara 2 jam. Sauwise dina ditentoke, banjur dianake rapat panitia kanggo nentokake sapa wae kang bakal diutus adicara resepsi manten.
Repote ibu-ibu sing padha rewang ing pawon uga gawe pawon panggung awit wedi yen mbeneri masak banjur banyu rob mlebu bisa-bisa geni ora bisa urip. Saben omah padha duwe bak banyu udan dadi yen ana wong duwe, tangga teparo padha nyumbang banyu sumure wernane abang semu coklat, mung kanggo ados lan asah-asah.
Nyamikan lan dhaharan sing disuguhake kaya ing Jawa, yaiku lemper, rengginang, jenang, wajik, tape ketan lan liya-liyane. Ing transmigrasi pasang surut iku masyarakate ora mung saka Ngayogyakarta, nanging uga ana saka daerah liya umpamane Jawa Barat, Jawa Timur, Jawa Tengah, dadi tata carane ya werna-werna. Malah akeh sing ngagem blangkon nanging nganggo clana jin.
Para tamu kakung putri lan para sinoman ora nganggo sandal selop nanging nganggo sepatu boot. Ana sing macak cara Jawa lengkap. Sing kagungan gawe ora
enggah ing sandhing penganten, nanging ngadhang tamu ing dalan saperlu nyalami tamu sing lagi rawuh.
Omah umume, omah panggung. Ing ngarep tarub ana papan kanggo nylempungake amplop kosong sing dicawiske lan pulpen kanggo tamu sing ora nggawa amplop. Dadi bisa ngisi lan nulis jenenge ing kono.
Kira-kira jam 1 awan rombongan penganten kakung wis rawuh, lan swara kaset gamelan Lancaran kebogiro, Gendhing Kodok Ngorek, Ketawang Larasmaya wiwit muni. Ngepasi wanyah ing pasang gedhe munggah nganti tekan plataran. Rombongan penganten kakung lewat blabag sing wis disiapke kanggo ngowot. Panggihing penganten ing uwot iku, saka balangan suruh, ngidak endhok lan sapiturute.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar